Waktu preinan akhir kenaikan kelas 9, aku liburan preinan karo keluargaku nang umah wae lan umah simbah ora adoh-adoh. Saben dina aku mung bantu-bantu wong tua karo sinau. Ning esuk aku tangi subuh lan sholat, bubar kue aku mbantuni wong tua. Aku kadang ngeresiki omah esuk-esuk gara-gara bapak karo ibuku kerja sampe sore. Bubar wis ngerjakna kabeh, aku lunga menyang umah simbah nganggo pit. omahku karo simbah perek, dadine aku lunga atik pit wae sekalian aku ngurangi polusi udara gara-gara asep motor sing akeh.
aku dolan teng umahe simbah, kebetulan ana sodaraku sing teka marang omah simbah dadine aku ora kesepian dewekan ning umah. Dina kue sodaraku pada ngumpul kabeh ing omah simbahku. Rasane rame tenan aku bisa kumpul karo kabeh sekeluargaku.
Ing kana aku ndolani aeku sing esih cilik, lucu tenan. Aku juga dolan karo sodaraku sing seumuran karo aku. Ing umah simbah aku ngeloken kegitan sing bermanfaat. Aku karo sodaraku coba-coba gawe es krim stoberi saka pop ice. Kita awale tuku bahan-bahan ing supermarket paling perek, barkue dewek balik umah kanggo gawe es krim. Bar anjog umah aku nyiapna bahan bahan karo alat kanggo gawe es krim mau. Bahan-bahan sing di butuh ake yaiku pop ice rasa apa bae, susu kental manis sing putih, susu dancow sing putih, an SP kanggo bahan pelunak es krim kasebut, bar kue ana banyu putih sing atis. Alat-alat kanggo gawe es krim kue ana tempat utawa baskom kanggo tempat ngaduk bahan-bahan, bar kue ana mikser kanggo ngolah bahan eben dadi ngembang.
Langkah sing pertama kanggo gawe es krim kue yaiku campur banyu es mau karo SP pelembut mau sampe dadi ngembang, bar wis ngembang campur kabeh bahan yaiku pop ice, susu kental manis, susu dancow, bar wis aduk sampe rata kabeh. Bubar rampung dewek bisa dalah adonan kue nang kulkas, tunggu sampe 8 jam utawa luwih sampe adonan kue bisa dadi es krim sing lembut.
Bar es krim wis dadi. Aku karo keluargaku mangan bareng-bareng es krim kasebut. Rasane enak tenan kaya es krim asli. Manis legit nan lembut. Tembe sedelat es krime langsung enteng di pangan dening keluarga an sodaraku. Bar kue kabeh sodaraku balik maring umah.
Aku melu nginep lan liburan teng umah sodaraku sing ana neng pedesaan. Tempate ing Kaliwadas, Kabupaten Tegal. Saben esuk aku lunga jalan-jalan marang sawah, ing kana hawane atis emen, sawah sawah esik apik. Aku njagong ing pinggire sawah karo ndeleng matahari pan terbit. Ing pedesaan udarane esih apik ora kaya ing kota sing isine polusi.Bar kue aku balik, aku karo sodaraku pan masak-masak bantu bude ku.Aku karo sodaraku masak-masak nasi goreng. Bar mangan aku dolan nonton tv, aku ora dolan neng njaba gara-gara panas udarane. Aku dolan angger sore-sore jam 3 adem, aku dolan luruh belalang lan nggoleti taneman sing arane teronggong kanggo di masak ngko bengi. Ing sawah ning jam 3 hawane enak kanggo turu, dadine aku karo sodaraku turunan ing dalan sawah sing adem. Aku nunggu sampe matahari pan terbenam. Ing kana aku bsa ndeleng matahri pan terbit utawa terbenam. Bar kue aku masak kanggo bengi atik taneman sing aku olih mau. Aku karo sodaraku lan bude padeku mangan bareng. Aku ing kana 3 dina tok, bar kue aku balk maring omahku.