style type='text/css'>HTML,BODY{cursor: url("URL GAMBAR"), auto;}

Minggu, 03 November 2019

Karnaval Kota Tegal

Karnaval Kota Tegal.

24 Agustus 2019

Pas wingi tanggal 24 Agustus Kota Tegal ngadake kegiatan karnaval sing diikuti kabeh skolah se-kota tegal, ora SD, SMP, SMA, lan sekolah liyane pada melu kanaval. Iki aku ngeritaake karnaval SMP 2 Tegal sekolahku. Oh iya, ning SMP 2 tema karnaval kue beda beda. Sing kelas 7 atik klambi sing di gawe saka kreative dewek dewek. Sing kelas 8 atik klambi tema kerajaan. Sing kelas 9 sejen sejen. Kelas 9 temane macem macem ana sing kon dadi petani, nelayan, lan profesi bebas, kebetulan kelasku olihe bagian profesi. Ing kelasku profesine di bagi dadi akeh, ana sing dadi gojek, kasir indomaret, SPG, arsitek, seniman, koki, lan liyane. Ing kene aku dadi seniman lukis, Klambine kue di coreti cat air bar kue nggawa cat air, kuas, lan lukisan 1. Lukisan sing aku gawa kue lukisan covere rintik sedu judule KATA. Sebenere klasku kue dadi perwakilan kon njukut nomer antrean kanggo barisan pas karnaval. Dadine kelasku mangkat pertama jam 9 padahal mulai dalan jam 12, tapi aku lan kancaku ora mangkat jam 9, tapi mangkt jam setengah 11, ben ae bocah bandel:v, ngko juga dadanane aku rusak.

jam setengah 11 aku ngampiri kancaku eben mangkate bareng. Bar aku anjog nibg alun-alun kabeh bocah SMP 2 kumpul ndisit ning lanal. Pas aku mana jebule wis akeh sing teka. Aku lan kancaku foto-foto ndisit. Sebenere kue mangkat dalan jam 1 durung nunggu barisane. Kesel nungguni wit jam setenah 11sampe jam 2, mangkat barisane SMP 2 kue jam 2. Ora kebayang panas pime. Bar kue aku dalan, rutene kue ngelewati Jalan Gajah mada bar kue maring alun-alun, aku bisa ndeleng sing nonton karnaval akeh nemen. Akuanjog ning panggung penghormatan jam 4 sore, wis ya bayangna nyong mlaku-mlaku jam 2 awit jam 4 panas panasan maning. Bar wis rampung, bocah SMP 2 pada teka maring sekolah soale pan di bagikna jajan, bar kue aku lan kancaku dolan ndisit tuku jajan wkkw. bar kue aku balik marang umah kesel nemen terus turu.


Kemah Semesteran

Kemah Semesteran SMP 2
Pime kabehe, balik maning karo aku. Ning kene aku bakal cerita masalah kemah wingi sing di adaake tanggal 8 Oktober nganti 10 Oktober. Kie kue kemah terakhire aku ing SMP 2 Tegal soale taun ngarep aku bakal wis dadi bocah SMA keh.
Awale rombongan kumpul sing lapangan kanggo upcara pembukaan dening kepala sekolah, ing kana aku dadi pmr dadine aku jaga ning mburi mbokata ana sing lara. Bar pembukaan upacara regu regusing nang kono di arahi eben manjing trek dewek dewek. Aku kebetulan olih trek 11, ing kana aku dadi pmr njagai mbokata ana sing lara. Ing trek 11 aku njaga karo Elma lan Shofara, ing trek 11 kue rame banget uga pada seneng soale kemah, aku juga njagni regu lanang kelas 8 amarga mugane rame dewek.

Sejam perjalanan akhire dewek teka ing bumi perkemahan waduk cacaban, teka nang kana kue awale panas temen bar kue gersang. Aku ndalah tas ning tenda PMI soale tenda PMI wis digawekna daning guru lan kakak DP sing liane. Aku ndeleng adek kelas ku lan kanca seangkatan ku sing kelas 7, 8, 9 pada gawe tenda. Aku mah wis enak njagong ning tenda PMI adem wkwk. Bar kue aku juga keliling tenda tenda mbokata aku bisa weruh mas crush ku wkwk, apasih ya aku gaje nemen. bar rampung kabehe di kongkon sholat karo mangan ndisit, sawise mangan ana permaianan gede. Aku ora bisa melu acarane soale aku PMR jaga ning mburi mbokata ana sing lara sekalian modus asline wkwk. In kana aku ndeleng ana perlombaan ganti baju bergilir, bar kue cepet cepetan loncat ing kertas. Pokoke aku ndeleng permainane asik temen sayange aku ora bisa melu. Ing permainan gede jebule ana sing lara, aku ndeleng jebule bocah kelas 7 lanang matane kemanjingan watu krikil gara gara bocah bocah pada dolanan lempar lempar krikil, anggota PMR langsung pada ngobati. Bar kue langsung sholat Ashar kabeh, bar sholat Ashar di lanjut dening lomba Yel Yel per regu. Aku ndeleng bocahe pada aktif kabeh, per regu maju siji siji. Sing paling aktif ya regu sing wadon sing lanang tah malesan kabeh asline, tapi ana regu kelas 7 lanang sing apik nemen Yel Yel e. Aku bisa ndeleng mas crushku maju Yel Yel, emang Yel Yel juga apik kabeh. Bar acara Yel Yel kabehe pada Adus, aku juga elu adus amarga awaku lengket banget. Ing kana kamar mandine jorok, pintune pada rusak, banyune kotor. Ana sih kamar mandi resik tapi kudu manat ndisit ing duwur. Ngantrin adus ya suwe nemen, pada rebutan kamar mandi, adus ya id gedak gedak ora sabaran nemen. Aku karo kancaku akhire adus pan magrib dadine dewek ora bisa melu sholat Maghrib berjamaah. Emang angger Magrib pada sholat berjamaah bar kue ngaji bareng akhire aku sholat ing njerone tenda reguku karo kancaku. Bar sholat magrib kabeh pada mangan. Bar mangan sing kelas 7,8 kue nonton film perjuangan Jendral Sudirman, tapi sing kelas 9 ana renungan malam eben karo guru agama ku jarene eben nilai UNBK kelas 9 apik (aminn) Sumpah ya ning kana dewek kabeh di gawa neng Mushola sing perek sekang bumi perkamahan, awale wedi sih hawane sejen nemen. Bar anjog ning kana kabeh di kongkon sholat taubat, akhire aku wuhdu lan sholat Taubat. Bar kue dewek bareng bareng dzikir. Ning kana dewek nangis. bar kue dewek balik maring bumi perkemahan. Sesuke ana acara wide game, acarane ana tali temali, semaphore, lan sandi. Bengine di adake api unggun, acaran rame temen, bar api unggun rampungbocah-bocah pada kesel kabeh. Ngesuke bar api unggun jam 8 esuk pada balik marang sekolah numpak trek