style type='text/css'>HTML,BODY{cursor: url("URL GAMBAR"), auto;}

Minggu, 05 Januari 2020

Preinan Semester 1

Preinan Semester 1

Preinan Semester 1 bar terima rapot, terima rapot tepate tanggal 18 Desember 2019 liburane sampe tanggal 2 Jamuari 2020, alhamdulillah juga nilai rapot ku juga apik, aku manjing 10 besar. Aku tanggal 28 Desember liburan maring Semarang, sebenere kue piknik kantor bapakku, aku mangkat piknik jam 6 esuk numpak bis saking kantore bapaku, ana 2 bis aku manjinge bis 2

Aku perjalanan maring Semarang kue sekitar 4 jam. Aku mangkat jam 7 tekan Semarang jam 12 awan. sawise teka nang Semarang aku langsung maring taman bunga Celosia. Dalan maring taman bunga Celosia kue ribet gawe ndasku mumet. Ing kana isine bunga bunga apik tenan. Ana juga wahana permainan tapi cilik, ana juga kolam renang kanggo bocah bocah. Ing taman bunga iku aku balik jam 2 bar kue langsung mangan ing restoran. Sawise mangan aku langsung lunga maring wahana liane sampe jam 4 sore. Bar rampung numpak wahana aku lunga menyang hotel. Letak hotele kue nang tengah tengah kota Semarang tempate nang Simpang Lima sing arane Harris Hotel. Perjalanan maring hotel butuh waktu 2 jam. Aku teka nag hotel jam 6 bengi luwih. Bar kue aku langsung Check In terus sholat. tepate jam setengah 9 ana makan malam ing hotel lantai 7, oh iya aku kamare ing lantai 11. Pas bengi aku mangan akeh tenan, ana daging sapi bakar, ana ikan salmon bakar, ana sate kambing,ana puding karamel, ana marsmellow, ana pasta, ana nasi goreng.Ing hotel aku nyoani panganan siji siji wkwk ben wareg sisan ya, bar kue ana acara bagi bagi dorprize, mamah ku olih kudung 2. Rampung acara sekitar jam 10, bar kue aku manjing kamar lan sare kanggo persiapan ngesuk maning.

Esuk esuk aku tangi jam 6 soale aku lagi ora sholat, bar kue aku adus, bar adus aku sarapan esuk ing lantai 7 maning. Ing kana aku mung mangan bandeng presto, sereal, karo omlette, bar rampung aku majat siap siap check out jam 10. Ing ngarep hotelku saben preinan ana sing arane pasar tumpah, pasare rame banget, akeh sing dodol. Bar rampung aku manjat maring bis lunga maring wisata selanjute yaiku saloka, perjalanane kue adoh sekitar 1 jam. Saloka kue ktempat wahanaterbesar ing Semarang. Ing kana aku numpak bianglala karo kereta jalan. Sebenere ing kana waktune akeh tapi sayang antriane rame bange kanggo numpak wahana bisa jadi numnggu sejam tok. Pas jam 5 sore nang saloka kue udan gede dadine aku neduh ing mushola sampe reda. Sekitarbengi jam setangah 7 ana pertunjukan air mancur warna warni. Stadion saloka rame banget sekitar 2000 luwih teka. Ing pertunjkan iku nyritaake cerita Baru Klinthing anake Saloka sing awujud naga gede. bar rampung di susul acara air terjun warna warni apik temen. Acara rampung sekitar jam 8 bengi, pas kue keadaane ujan deres. Bar rampung maring saloka aku balik menyang tegal. Ing tegal aku ajog sekitar jam 12 bengi.